Dul Kamid Ngecaprak Pura-Pura Ngerti Masalah Kasus Fufufafa Sing lagi Viral

Guyonan Dul Kamid lan pandangane masalah kasus Fufufafa kien emang lucu pisan. Dul Kamid, sing ora ngerti apa-apa bab kasus Fufufafa, malah ngupai komentar ngawur sing nggawe kabeh wong gemuyu kepingkel-pingkel. Mengkenen critane lur.



Suatu dina, Dul Kamid lagi lungguh santai ning warung wedangan karo Bejo lan batur-batur sejenne. Dadakan, salah siji bature, sing aran Pak Karto, ngomong, "Mid Kamid, sampeyan wis krungu apa durung masalah kasus Fufufafa? Kien lagi rame pisan."

Kamid bingung lan nggawe wajah serius, "Fufufafa? Apa iku? Wong kok arane kaya lagu bocah-bocah bae?"

Bejo sing wis ngerti langsung mesem, "Lho, Kamid, iki kasus penting lho. Sampean ora ngerti? Fufufafa iku ora gampang. Wong-wong sekien lagi padha ngandakaken masalah iku."

Kamid sing seneng mbodor malah ngomong, "Fufufafa... Isun yakin iki dudu kasus serius. Wong yen arane bae kaya konon, mesthine lucu. Apa kasus iki soal wong nyanyi kaya bocah cilik? 'Fufufafa, ana ning umah...'"

Pak Karto langsung gemuyu ngakak, "Mid Kamid, sampeyan iki lucu pisan. Lha, kien kasus beneran, Mid Kamid. Wong-wong padha debat soal kien ning televisi lan media sosial."

Kamid nggawe wajah luwih serius, pura-pura ngerti, "Oh, ya ya. Isun wis ngerti sekien. Kasus kien pasti ana kaitanne karo politik, iya kan? Biasane gapa kasus rame kaya kenen, ya bisa dipastiaken gawa-gawa politik kari-karine."

Bejo kelawan sabar nyoba njelasaken, "Lho, Kamid. Kien dudu kasus politik langsung. Kasus Fufufafa iku lho soal skandal gedhe sing kena sorotan umum."

Kamid malah tambah bingung, "Lho, skandal? Apa skandal kowe nyanyi lagu Fufufafa trus viral? Isun iki pasti salah ngerti maning kih ya, tapi kok rasane ora penting-penting banget. Mungkin wong-wong iki kakehan ngurus kasus sing ora jelas."

Kabeh wong warung ora kuat nahan gemuyu. Pak Karto, sing malah bingung karo jawaban ngawur Kamid, nyeletuk, "Wah, Kamid, sampeyan kien nyebut kasus gede dadi lagu cah! Yen wartawan krungu, sampeyan bisa diundang menyang talkshow."

Kamid malah njawab karo bangga, "Ya, jelas bae. Kadhang-kadhang wong iku kudu mikir sederhana. Wong arane bae Fufufafa, pastine kasus iki ora serius. gapa isun dadi presidenne, kasus kayang ngene ora bakal tak urusi, tak joraken bae!"

Bejo sing guri langsung ngomong, "Kamid, sampeyan iki emang ora ngerti apa-apa. Fufufafa kien perkara serius, lho. Wong-wong ning Jakarta, malah pejabat, padha ngomong masalah kien. Iki skandal sing bisa nggawe gonjang-ganjing pemerintahan."

Kamid malah tambah ngawur, "Ah, skandal-skandal... Yen ana kasus sing arane lucu, mesthi ora penting. Mengkonon bae kok diributaken. Lagian, skandal mesthi bakal sirna yen ora digedhe-gedheaken."

Warga sing lagi nginung teh ning warung kopi padha ngakak. Pak Slamet, sing biyasane diem-diem bae, nyeletuk, "Wah, Pak Kamid kien pinter. Gapa ana kasus skandal, arane bae kudu di ganti dadi Fufufafa supaya ora rame! Hahaha!"

Kamid nyengir lebar, "Lha, bener kan! Yen skandal arane lucu, wong-wong ora bakal ngomongaken maning. Sing penting sekien kita kudu tetep tenang lan ora kakehan mikir masalah sing arane kaya lagu bocah cilik pasti bakal sirna lan ilang dewek suwe suwene gah."

Akhire, kabeh wong warung padha ora kuat nahan gemuyu ngakak. Kamid, sanajan ora ngerti masalah kasus Fufufafa, malah dadi pusat guyonan karo pandangan lan pemikirane sing ngawur.

Pesan moral: Kadang-kadang, wong sing ora ngerti maksude malah bisa nggawe kita pada gemuyu karo komentar-komentare sing ngawur. Nanging, tetep eling, yen ana masalah penting, luwih becik dipahami dikit sadurunge komentar!


Penulis

SM Indramayutradisi.com

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel