Dul Kamid Pengen Menang Pilihan Maka Kudu Duwe Jiwa Pemenang

Guyonan Dul Kamid nyalon bupati lan nggawa slogan "Karena kita pemenang, maka kita harus punya jiwa pemenang" iki bisa nggawe sampeyan ngguyu. Ngene critane.


Dul Kamid, sing saiki lagi sibuk nyiapake kampanye kanggo nyalon bupati, teka karo ide unik kanggo slogane: "Karena kita pemenang, maka kita harus punya jiwa pemenang." Dheweke yakin yen slogan iki bakal nggawe wong-wong kagum karo kepemimpinane.

Bejo, batur setiane, langsung nanya, "Kamid, piye iki idemu? Kok sloganmu aneh banget?"

Kamid nyengir karo percaya diri, "Lha, Bejo. Wong yen arep menang, kudu mikir kaya pemenang! Aku iki pemenang, lan aku pengin kabeh wong nduweni mental pemenang!"

Bejo mesem lan gemuyu, "Tapi priwe carane sampeyan nerangakene programme sampean? Wong mung nganggo slogan 'jiwa pemenang' ora cukup, lho."

Kamid sumringah, "Tenang bae. Isun wis nyiapake rencana program kang bagus kanggo kampanye. Kabeh programme isun bakal ngrujuk maring slogan iki. Pokoké, kabeh kudu duwe jiwa pemenang!"

Esuk esuk, Kamid langsung mlaku-mlaku kampanye ning desa-desa, karo nganggo kaos sing ana cappe karo slogané. Nalika tekang acara kumpulan warga, Kamid ngomong karo semangat, "Kabeh warga! Ayo kita dadi pemenang! Gapa kita pengen dadi pemenang, kita kudu duwe jiwa pemenang!"

Warga padha bingung. Salah siji warga, Pak Karto, nakon maring Dul Kamid, "Pak Kamid, maksude priwe iki 'jiwa pemenang'? Program nyata sing sampeyan tawakaken apa?"

Kamid karo percaya diri njawab, "Oh, gampang! Programme isun iki gampang pisan. Kabeh warga bakal tak ajari supaya nduweni mental kaya pemenang. Sing penting, kabeh kudu optimis!"

Warga masih pada bingung. Ibu Yati sing lagi miyang kandang pitike ngomong, "Lho, Pak Kamid. Yen pitikke kula ora ilok ngendhog, kula kudu nduweni jiwa pemenang piwe?"

Kamid karo semangat berapi-api njawab, "Ibu Yati, aja kuwatir! Pitik ibu kudu nduweni jiwa pemenang. Ajaken bae ngomong pitikke sampean bu, 'Pitik, ayo jage ngendhog! Karaena sira pemenang!'"

Kabeh warga gerr pada gemuyu. Pak Karto malah ngomong, "Lha, Pak Kamid, iki ki program apa masih angger ora ngerti. Yen ngomong karo pitik bae ora mungkin, apa maning program desa?"

Kamid ora kalah semangat, "Wah, Pak Karto, iku contone bae. Saking program iki, Isun bakal ngajari sampean kabeh kepriwe carane ngelola desa sing bener sampe sampean-sampean kabeh nduweni mental kaya pemenang. Wong sing kerja kebon kudu optimis, wong sing doldollan ning pasar kudu percaya diri, lan kabeh kudu nduweni pemikiran kaya pemenang!"

Warga kabeh mesem. Salah siji bocah cilik malah nguculaken pitik loro-loroane lan ngomong, "Pak Kamid, iki pitikke kula. Endhoge ora ilok akeh. Apa kudu tak omongi 'heh pitik sira pemenang, ayo jage ngendhog'?"

Kamid ora kalah serius, "Iya ya mengkonon. Ngomonga bae, pitikke sampean iki kudu ngerti yen sira duwe jiwa pemenang. Pasti pitikke sira bakal ngendhog."

Warga padha ngakak karo kedadian iku. Bejo, sing lagi nonton saking pinggir, ora bisa nahan gemuyu. Dheweke ngomong, "Kamid, iki ki kampanye bupati apa kelas motivasi kanggo pitik? Hahaha!"

Kamid nyengir, "Lha, Bejo, yen pitik bisa nduweni jiwa pemenang, apa maning manungsa? Yen isun dadi bupati, kabeh kudu duwe jiwa pemenang!"

Bejo ora bisa nahan mesem, "Yah, Kamid, iki ki program lucu. Mungkin ora kabeh warga paham maksude, tapi sing penting sampeyan nyoba nggawe kabeh seneng."

Pesan moral: Punya semangat pemenang iku penting, nanging program nyata uga kudu jelas lan bisa dirasakaken langsung karo warga. Ya, ngumpulaken jiwa pemenang penting, nanging kudu dibarengi karo langkah-langkah konkrit kanggo ngatasi masalah-masalah nyata!


Penulis

SM Indramayutradisi

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel