Dul Kamid Takon Persyaratane Nyalon Bupati

 

Kisah Kang Dul Kamid Kesengsem Pengen Dadi Bupati Jilid 1


Gambar Tim Kreator Indramayu Tradisi

Dul Kamid : Apa calon peserta Pilkada iku kudu ndhaptar panitia tah Dul?

Dul Manap : Iya Dul. Kamberan ora didiskualifikasi Dul. Gapa sampeyan ora ndaftar, calon sampeyan bakal ora sah lan sampeyan ora bisa melu Pilkada. Dadi isin, aku wis kesel kampanye nanging ora bisa melu perang!

Dul Kamid : Apa bae sih syarate lamon pengen nglamar dadi calon kuh Dul?

Dul Manap : Syarate akeh Dul. Kaya persyaratan umum semisal umur, kewarganegaraan lan swara sing jelas. Selaine kuen, tergantung ana ning wilayah endi, bisa uga ana syarat pendidikan, katrampilan basa, lan sejen-sejenne. Intine, sampeyan kudu nglengkapi kabeh syarat-syarate kuh supaya bisa dianggep serius minangka sebagai calon!

Dul Kamid : Apa ana tah bli sih Dul calon sing ngajokaken tapi ora nggawa persyaratane?

Dul Manap : Hahahahahahaha wkwkwkwkwk, gapa ana sing kayang konon Dul kedadeane mangka wong iku cuma mung buang-buang waktu bae. Ora bakal ditampa dening panitia penyelenggara Pilkada. Nanging yen mung kesalahan cilik, kayata ilang dokumen utawa salah ngetik tanggal, masih ana kesempatan kanggo mbeneri.

Dul Kamid : Yen syarate wis lengkap terus diajukaken tah Dul, Oh ya Dul apa ana tah calon sing gagal daftar sampe ora bisa melu Pilkada?

Dul Manap : Sak weruku ora ana Dul. Nanging, yen syarate ora lengkap, mesthi ora bakal ditampa. Mula kudu nyiapake temenan syarate – syarate dikit, mulane aja sampe keturon lan klalen Dul.

Dul Kamid : Dadi pokoke gapa arep dadi calan melu Pilkada ya kudu nyiapake kabeh syarate ya?

Dul Manap : Nggih leres Dul! Syarat kasebut penting banget kanggo mesthekaken yen calon kasebut bener-bener nyukupi syarat kasebut. Aja pengen, pilkada kita bakal ribut Cuma gara-gara ana calon sing bener-bener ora nyukupi alias ora lengkap persyaratane nanging masih pengen melu dadi calon. Mulane Ayo, pada nyiapaken persyaratan-persyaratan kang wes kasebut mau kudu bener – bener lan ati-ati !

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel